VOOZH about

URL: https://jv.wikipedia.org/wiki/Obat

⇱ Obat - Wikipédia


Menyang kontèn
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Obat ya iku barang utawa dat kang bisa digunakaké kanggo tamba lelara, ngilangaké tandha-tandha lelara, tatu, ngurangi rasa lara, lan ngowahi prosès kimia ing awak.[1] Kajaba iku obat uga kena kanggo nggawé awak saya ringas umpamané obat tradhisional.[1]

Ing Amérika Sarékat, obat digawé déning prusahaan farmasi utawa farmasi kang tuku obat saka prusahaan farmasi.[2] Farmasi uga kena nyediakaké obat kanthi cara langsung tumrap pasièn yèn obat iku bisa aman nalika dianggo pasièn dhéwé utawa diwènèhi resep kanthi preskripsi kang digawé dhokter.[2] Nalika lagi sepisanan dipasaraké, obat duwé rega kang larang, nanging asuransi kaséhatan bisa dianggo ngènthèngaké béaya.[2] Nalika patèn salah sawijiné obat wis entèk, obat generik digawé lan didistribusèkaké déning prusahaan saingan kang njalari regané dadi murah.[2] Obat kang ora mbutuhaké resep saka dhokter profésional dikenal kanthi jeneng obat OTC (basa Inggris: Over the Counter, kang tegesé ing kasir).[2] Obat jinis iki kena didol ing toko umum.[2]

Ing Indonésia, obat kang larang regané luwih akèh cacahé, iki amarga larangé béaya pemasaran kang ditanggung déning prusahaan farmasi, mligi kanggo obat ethical.[2] Obat bisa dituku ing apoték, puskesmas, toko obat/jamu, lan tenaga medis.[2]

Klasifikasi

[besut | besut sumber]

Obat bisa diklasifisikaké kanthi akèh cara, kanthi cara mekanisme aksi, èfèk lan status (legal apa ora legal).[1] Jinisé obat iki kaya ta [1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 spesialis.info Archived 2011-05-12 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 3 Juli 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 medicastore.com Archived 2011-07-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 3 Juli 2011)

3. Obat Kuat Archived 2014-05-12 at the Wayback Machine.


Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké.